Serba Online -->

Menu Atas

Recent Posts

IKLAN RENPONSIF

Serba Online

Thursday, 23 March 2017

   Kata orang orang jaman saiki memang golek duwit rodok angel, bedo karo jaman jaman kepungkur jare mas mas era 60 dan 70 an, NAliko jaman semono gak ono sosmed facebook lan sak bolo kurawane dadine model golek duwite durung serba online..
   Jaman Saiki contone wae babakan tranportasi wae wis akeh perubahan kang akeh.. contone taksi online,ojek online  opomaneh dodolan online mblader koyo jamur neng musim kemarau,,hehe musim hujan maksudku cak, soyo tambah praktis lan gampange ngopo wae nangih malah soyo angel ngolek duwite yo mergone saingane yo soyo akeh saingan sing golek duwit.
    Saiki bus lan angkot koyo wong ider kursi la kosong penumpange sudo akeh, Soyo akeh peminate neng sing serba online ngefek juga karo penghasilane sing konvensional/sing ora online, la piye ojek sing online kuwi luwih murah lan lebih merasa aman sing numpak yo pelanggan akeh sing pindah neng murah.  kocap kacarito sing konvensional ngamuk seko daerah siji lan sijine nular podo demo kabeh. sing intine njaluk keadilan tarif lan armada di batesi, dom dom rejeki.
   Mugio pangrembak projo ing negoro iki iso ngei solusi masalah kendaraan iki gen podo adile mergo kabeh yo golek rejeki nguripi anak bojo.
tranportasi online