Ukoro Pasrah nganten -->

Menu Atas

Recent Posts

IKLAN RENPONSIF

Ukoro Pasrah nganten

Saturday 21 May 2016

Naliko semono Bagus Maryanto Kadir jinatu krama dening rara Ayu Ika Sabtuti

  
Pasrah Nganten Oktober 2009 versi Jowo wonogiri
Pidato Seserahan pak lurah yato

1. Atur Pasrah pinanganten Kakung
Assalamu alaikum wr. Wb

Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang akarya Loka mugi kajiwa lan kasarira wonten panjenengan sadaya lan kula amin

Panjenenganipun Bapa Tarto Broto Sumarto sekaliyan garwa ingkang kinurmatan, ingkang wonten kelengahan punika dipun salirani panjenenganipun Bapa Darmo Winarso ingkang pantes sinugata ing tata krani. Keparenga kula minangka talanging basa panjeneganipun Bapa Darmo Winarso sekaliyan garwa, ngabiyantara ( tepa ngapurancak) sowan wonten ngarsa panjenengan humiring putra temanten kakung anak mas Bagus Maryanto Kadir  dene wigatosing perlu nuninggih mekaten

Sepisan hangaturaken salam taklimipun panjenengan Bapa Darmo Winarso sekaliyan garwa katur panjenenganipun Bapa Tarto Broto sumarto sekaliyan garwa dalasan sedaya kadang kulawarga.

Kaping kalihipun kinen hangaturaken sekar cempaka saksele nuninggih penganten kakung anak mas Bagus Maryanto kadir mugi katampi kanthi renaning penggalih kanthi panyuwunan inggal kadhaupaken kalayan atmaja putrinipun bapa Tarto Broto Sumarto ingkang nama rara ayu Ika Sabtuti miturut adat widi widana ingkang lumampah wonten ing tlatah mriki. Kula sapengambyong namung jumurung karsa mugi tumapaking titi laksana rancag lancer tan manggih rubeda sinartan puji donga, mugi Gusti Allah ingkang Maha Agung tansah paring nugraha jejodhohan pinangaten kekalih.

Mekaten pepuntaning atur, jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi lepat nyuwun pangapura. Waduk gajah mungkur wanagiri, menawi wonten kladhuking atur nyuwun agunging pangaksami.
Wassalamu alaikum wr.wb.


2. Atur Naampi Pasrah pinanganten Kakung

Assalamu alikum wr. Wb.

Panjenenganipun para sesepuh piniji sepuh ingkang satuhu kinabekten, para pepundhen ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, langkung langkung dhumateng para pangemban – pamgembating praja ingkang pantes tinulad sinudarsana. sumrambah dhumateng para rawuh sadaya ingkang cinaket ing manah

Ngengeti panjenengan sadaya dalasan kula titah sawantah ingkang tansah kapurba kawasesa dening Gusti ingkang Maha Kuwasa, pramila sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken hangunjukaken puja – puji syukur wonten ngarsa Gusti ingkang murba ing dumadi, awit berkah saha rahmatipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula satemah ing ari kalenggahan punika panjenengan sedaya lan kula saged kempal manunggal wonten ing dalemipun Bapa Tarto Broto Sumarto tan manggih rubeda tuwin sambikala.

Para rawuh ingkang satuhu sulistyaning budi.

Keparenga kula ing mriki minagka sesulihipun panjenengan bapa Tarto broto Sumarto ingkang ari kalenggahan punika nembe hanetepi darmaning sepuh nuninggih amarhargya putra amiwaha siwi putra putrinipun ingkang nama risang Bagus Maryanto Kadir jinatu krama dening rara Ayu Ika Sabtuti atmaja putrinipun bapa Tarto Broto Sumarto ingkang lenggah pidalem ing Sawit,Pesido wondene tumapaking ijab qobul sampun lumampah rikala dinten Kamis,26 Syawal 1430 H surya kaping 15 Oktober 2009  wonten ing Masjid Manfaat Jatiroto kanthi pranatan agami islam.

Wondene wosing gatos panjenengan sadaya katuran rawuh wonten ing dalem mriki boten sanes badhe kasuwun idi pangestunipun sambet kalayan hajatipun bapa Tarto Kalawau.

Cekap Atur tampi kulo, Wasono

Wassalamu'alaikum Warahmatullohi wabarrokatuh,
ukora pasrah temanten jowo